Sosiawan Leak

Sosiawan Leak
LairSosiawan Budi Sulistyo
(1967-09-23) Sèptèmber 23, 1967 (umur 56)
Surakarta, Jawa Tengah
BangsaIndonesia
PakaryanSastrawan lan budayawan
Kondhang ingPenyair sosial

Sosiawan Leak (Jawa: ꦱꦺꦴꦱꦶꦪꦮꦤ꧀ꦧꦸꦢꦶꦱꦸꦭꦶꦱ꧀ꦠꦾ, Sosiawan Budi Sulistya lair ing Surakarta, Jawa Tengah 23 September 1967) iku sawijiné penyair lan deklamator Jawa Tengah.[1] Ngrampungké pandhidhikan ing Fakultas Ilmu Sosial dan Pulitik, Universitas Negeri Sebelas Maret (UNS) taun 1994.[1] Nulis gurit wiwit taun 1987 lan dipublikasiaké ing médhia massa.[1] Luwih saka 50 antologi gurit kang wis diterbitaké ing forum lan festival sastra uga nganggo puisiné bareng karo penyair liya.[1] Telu antologi puisiné terbit mirunggan bareng Gojek JS lan KRT Sujonopuro déning Yayasan Satya Mitra Sala, ya iku Umpatan (1995), Cermin Buram (1996), Dunia Bogambola (bareng Thomas Budi Santosa) déning Indonesiatera Magelang (2007).[1] Saliyané gurit, Leak uga aktif ing donya teater dadi sutradara lan panulis skenario.[1]

  1. a b c d e f Leak(02 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy